Minggu, 26 Februari 2017

MAKALAH ADAT DAN TRADISI PERNIKAHAN JAWA

ADAT DAN TRADISI JAWA TENGAH
PANGANTÈNAN ADAT JAWA







DISUSUN OLEH :
Nama                   : Rahman Sahrul
No. Abs      : 21
Kelas           : XII IPA 3



SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI MOJOGEDANG
KARANGANYAR
TAHUN AJARAN  2015/2016
ATUR PAMBUKA

Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah SWT. ingkang sampun nglimpahaken tresna lan kasihipun, sahingga penyusun saget  ngrampungaken tugas damel makalah niki kang judule “Adat dan Tradisi Jawa Tengah Pangantènan Adat Jawa” kang duweni isi kebudayaan ing tanah jawa, karya tulis niki yaiku salah sawijining syarat damel nglengkapi tugas bahasa jawa SMA Negeri Mojogedang. Mboten kesupen rasa matur suwun datheng:
1.      Bapak Gunawan S.Pd, guru bahasa jawa SMA Negeri Mojogedang ingkang sampun menehi  pengarahan kalian bimbingan datheng kita sedaya  anggen kita nyusun makalah niki.
2.      Rencang-rencang ingkang sampun berpartisipasi ngebiyantu lan mendukung ing pembuatan makalah punika.
Kita nyuwun pangapunten anggene damel makalah niki kurang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi.
Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita  angsal balesan saking gusti Allah YME. Harapan kita mugi-mugi makalah niki wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca.




Mojogedang,      September 2015
          

Penulis  








DAFTAR ISI

HALAMAN JUDUL........................................................................................................     i
ATUR PAMBUKA...........................................................................................................     ii
DAFTAR ISI.....................................................................................................................     iii

BAB I PAMBUKA
A.        Latar Belakang.........................................................................................................   1
B.        Adat Istiadat lan Kabudayan Wong Jawa Tengah....................................................1

BAB II ISI
A.        Adat lan Tradisi Jawa..............................................................................................    2
B.        Pengantenan Adat Jawa...........................................................................................   2
           
BAB III PENUTUP
      A.        Cara nangani...........................................................................................................    7
      B.        Dudutan...................................................................................................................   7
      C.        Wasana ...................................................................................................................7
BAB I
PAMBUKA

A.    LATAR BELAKANG
Indonesia inggih punika salah satunggaling negari ingkang nduweni werna-werna kabudayan mula nguri-uri budaya kang wis ana dados kuwajiban.Supados nilai-nilai pendidikan kang wonten ing kabudayan punika  saged menehi pangertosan dhateng masyarakat babagan ngaurip.Salah sawijining adat istiadat lan kabudayan wonten Indonesia inggih punika Adat Istiadat lan Kabudyan Jawa.
Adat istiadat jawa inggih punika sakabehing tata cara lan padatan ingkang  sampun di uri-uri dening tiyang sepah ingkang sampun turun temurun saking tiyang sepah ngantos generasi saniki.Mula saking punika budaya inggih punika salah sawijining bab kang kedah dipun uri-uri.Kathah sanget manfaat ingkang saged dipunpendhet  saking nguri-uri budaya jawa,salah sawijine inggih punika kangge nyatukake bangsa.

B.     ADAT ISTIADAT LAN KABUDAYAN WONG JAWA TENGAH
Ana werna-werna adat istiadat lan kabudayan kang biasa dianakake dening wong jawa. Tuladhane: Mupu,mitoni,brokohan,selapan,tedak siten,ruwatan,khitanan (kanggo bocah lanang),windon,lan sapanunggalane. Nanging, ana  jaman saiki adat istiadat punika sangsaya luntur saka panggalihe kita minangka wong jawa.Lunture adat istiadat lan kabudayan punika salah satunggale merga saiki wis ana jaman globalisasi,lan kathah sanget adat istiadat kang mlebu ana Indonesia.Saking kathahe kabudayan manca kang mlebu negari kita tanpa anane seleksi utawa saringan kanthi sae, ndadeake adat istiadat lan kabudayan lokal sangsaya miris.
Wong jawa khususe nduweni  pangerten kang kleru marang kabudayan manca.Wong  jawa luwih sregep menawa nyinaoni budaya manca, dene budayane dhewek di laliake. Merga adat istiadat lan kabudayan manca kuwi luwih kepenak lan luwih trend ana jaman saiki.Tuladhane Adat istiadat lan Kabudayan saka negari gingseng (Korea), ana wong-wong jawa khususe luwih kapenak dipun tampi lan dipun sinaoni. Kayata ageman-ageman model korea kuwi wis kathah sanget ing Indonesia,lan tasih kathah liyane.


BAB II
ISI

A.    ADAT LAN TRADISI JAWA
Wonten ing makalah punika kita badhe mbahas babagan Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa kang mulai tersingkirke.  Kasilipun saking media internet ngenani babagan adat istiadat  lan kabudayaan jawa dipunwedharaken wonten andhap meniko.
Kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat ingkang ana masyarakat perlu nduweni strategi khusus kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat jawa khususipun upacara mantu inggih menika migunakake cara kang bebarengan, kabeh masyarakat melu bebarengan nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat wonten ing negari.
B.     PANGANTÈNAN ADAT JAWA
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

1.      Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara
lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
2.      Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
3.      Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
4.      Srah-Srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
5.      Ijab Kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.
6.      Upacara Panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
7.      Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
8.      Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

9.      Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
10.  Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
11.  Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
12.  Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.isine kedelai,kacang tanah,bengkle beras
13.  Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
14.  Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
15.  Sungkeman
      Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
16.  Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki. Tambahan kan digunake ing acara mantu yaiku:
ü  Dekorasi, dekorasi dipasang wonten dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernane wonten kathah.
ü  Tarub, saking bahasa NATA (mengatur) lan URUB(nyala api), masang tarub gumantung wonten dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
17.  Pemaes
upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.















BAB III
PANUTUP

A.    CARA NANGANI
cara nangani supaya adat lan tradisi jawa punika mboten kagerus amarga jaman kang soyo suwe soyo lali marang adat kang dijunjung duwur marang masyarakat terdahulu nggih punika:
1.      Kita kedah selektif menawa nampi budaya manca
2.      Kita minangka generasi muda kedah tresna marang kabudayan jawa
3.      Kita kedah dados wong jawa kang njawani
4.      Kita kedah nguri-uri adat istiadat lan kabudayan jawa
5.      Nyinaoni babagan adat istiadat lan kabudayan  jawa kanthi tememen
6.       Mbangun museum umum yoiku langkah kang nyata ing nguri-nguriake sejarah lan nilai budaya
B.     DUDUTAN
Kita kedah selektif anggenipun nampi budaya manca, lan uga kita kedah nguri-uri adat istiadat lan budaya jawa supados boten ical amargi adat istiadat lan kabudayan jawa iku salah sawijining asset kang ora ana tandhingane. Mula adat istiadat lan kabudayan jawa kedah dipun uri-uri awit saniki.

C.    WASANA
Assalamu’alaikum Wr.Wb ,
Kita aturaken agunging panuwun dhumateng sedhaya pamaos ingkang sampun kersa maos makalah kita. Mugiya makalah punika saged menehi manfaat lan bisa nambah wawasan pamaos sedaya lan uga saged nambahing pengetahuan lan pangerten babagan Adat Istiadat lan Kabudayaan. Menawi wonten kekirangan lan kelepatan kita nyuwun agunging samudra pangaksama.
Akhirukalam ,                                           
Wassalamu’alaikum Wr,Wb.