ADAT DAN TRADISI JAWA TENGAH
PANGANTÈNAN ADAT JAWA
DISUSUN OLEH :
Nama : Rahman Sahrul
No. Abs : 21
Kelas :
XII IPA 3
SEKOLAH MENENGAH ATAS
NEGERI MOJOGEDANG
KARANGANYAR
TAHUN AJARAN 2015/2016
ATUR PAMBUKA
Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah SWT. ingkang
sampun nglimpahaken tresna lan kasihipun, sahingga penyusun saget
ngrampungaken tugas damel makalah niki kang judule “Adat
dan Tradisi Jawa Tengah Pangantènan Adat Jawa” kang duweni
isi kebudayaan ing tanah jawa, karya tulis niki yaiku salah sawijining syarat
damel nglengkapi tugas bahasa jawa SMA Negeri Mojogedang. Mboten kesupen rasa
matur suwun datheng:
1. Bapak Gunawan
S.Pd, guru bahasa jawa SMA Negeri Mojogedang ingkang sampun menehi
pengarahan kalian bimbingan datheng kita sedaya anggen kita nyusun
makalah niki.
2. Rencang-rencang
ingkang sampun berpartisipasi ngebiyantu lan mendukung ing pembuatan makalah
punika.
Kita nyuwun pangapunten anggene
damel makalah niki kurang sempurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten
kita mangertosi.
Kirane sedaya kesaean ingkang sampun
maringi datheng kita angsal balesan saking gusti Allah YME. Harapan kita
mugi-mugi makalah niki wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca.
Mojogedang,
September 2015
Penulis
DAFTAR ISI
HALAMAN JUDUL........................................................................................................ i
ATUR PAMBUKA........................................................................................................... ii
DAFTAR ISI..................................................................................................................... iii
BAB I PAMBUKA
A. Latar Belakang......................................................................................................... 1
B. Adat Istiadat lan Kabudayan Wong Jawa Tengah....................................................1
BAB II ISI
A. Adat lan Tradisi
Jawa.............................................................................................. 2
B. Pengantenan Adat
Jawa........................................................................................... 2
BAB III PENUTUP
A. Cara nangani........................................................................................................... 7
B. Dudutan................................................................................................................... 7
C.
Wasana
...................................................................................................................7
BAB I
PAMBUKA
A. LATAR BELAKANG
Indonesia inggih punika salah satunggaling negari
ingkang nduweni werna-werna kabudayan mula nguri-uri budaya kang wis ana dados
kuwajiban.Supados nilai-nilai pendidikan kang wonten ing kabudayan punika
saged menehi pangertosan dhateng masyarakat babagan ngaurip.Salah sawijining
adat istiadat lan kabudayan wonten Indonesia inggih punika Adat Istiadat lan
Kabudyan Jawa.
Adat istiadat jawa inggih punika sakabehing tata cara
lan padatan ingkang sampun di uri-uri dening tiyang sepah ingkang sampun
turun temurun saking tiyang sepah ngantos generasi saniki.Mula saking punika
budaya inggih punika salah sawijining bab kang kedah dipun uri-uri.Kathah
sanget manfaat ingkang saged dipunpendhet saking nguri-uri budaya jawa,salah
sawijine inggih punika kangge nyatukake bangsa.
B. ADAT ISTIADAT
LAN KABUDAYAN WONG JAWA TENGAH
Ana werna-werna adat istiadat lan kabudayan kang biasa
dianakake dening wong jawa. Tuladhane: Mupu,mitoni,brokohan,selapan,tedak
siten,ruwatan,khitanan (kanggo bocah lanang),windon,lan sapanunggalane. Nanging,
ana jaman saiki adat istiadat punika sangsaya luntur saka panggalihe kita
minangka wong jawa.Lunture adat istiadat lan kabudayan punika salah satunggale
merga saiki wis ana jaman globalisasi,lan kathah sanget adat istiadat kang
mlebu ana Indonesia.Saking kathahe kabudayan manca kang mlebu negari kita tanpa
anane seleksi utawa saringan kanthi sae, ndadeake adat istiadat lan kabudayan
lokal sangsaya miris.
Wong jawa khususe nduweni pangerten kang kleru
marang kabudayan manca.Wong jawa luwih sregep menawa nyinaoni budaya
manca, dene budayane dhewek di laliake. Merga adat istiadat lan kabudayan manca
kuwi luwih kepenak lan luwih trend ana jaman saiki.Tuladhane Adat istiadat lan
Kabudayan saka negari gingseng (Korea), ana wong-wong jawa khususe luwih
kapenak dipun tampi lan dipun sinaoni. Kayata ageman-ageman model korea kuwi
wis kathah sanget ing Indonesia,lan tasih kathah liyane.
BAB II
ISI
A.
ADAT LAN TRADISI JAWA
Wonten ing makalah punika kita badhe mbahas babagan Adat
Istiadat lan Kabudayan Jawa kang mulai tersingkirke. Kasilipun saking media
internet ngenani babagan adat istiadat lan kabudayaan jawa
dipunwedharaken wonten andhap meniko.
Kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat ingkang ana
masyarakat perlu nduweni strategi khusus kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat
istiadat jawa khususipun upacara mantu inggih menika migunakake cara kang
bebarengan, kabeh masyarakat melu bebarengan nguri-uri kabudayaan lan adat
istiadat wonten ing negari.
B.
PANGANTÈNAN ADAT JAWA
Upacara pengantenan adat Jawa iku
salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara
lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan
antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi
pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng
dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu
kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje
miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
1. Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga
pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
2. Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo
ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki
diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah
masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng
halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
3. Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen
mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo
pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya
widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur
putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje
neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
4. Srah-Srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon"
yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo
ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing
paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas
acara pesta penganten.
5. Ijab Kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji
nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe
sah.
6. Upacara Panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad
nikah)dileksanakake acara Panggih,
ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng
prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku
penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake
upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar
klimah, Mertui lan Sungkeman.
7. Upacara
balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan
lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
8. Upacara wiji
dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah,
banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo
banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing
tanggung jawab mring keluarga.
9. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung
minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
10. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur,
minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
11. Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri,
minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
12. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe
liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh
nafkah.isine kedelai,kacang tanah,bengkle beras
13. Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko
perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
14. Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane
penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
15. Sungkeman
Pinanganten
sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
16. Kenduren /
resepsi
Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng
acara iki, pasangan penganten nerima ucapan
selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki. Tambahan kan
digunake ing acara mantu yaiku:
ü
Dekorasi, dekorasi
dipasang wonten dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernane wonten kathah.
ü
Tarub, saking bahasa
NATA (mengatur) lan URUB(nyala api), masang tarub gumantung wonten dhalemipun
ingkang gadhah dalem punika.
17. Pemaes
upacara paesing calon pengantèn putri
ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi
dhukun pengantèn.
BAB III
PANUTUP
A.
CARA NANGANI
cara nangani supaya adat lan
tradisi jawa punika mboten kagerus amarga jaman kang soyo suwe soyo lali marang
adat kang dijunjung duwur marang masyarakat terdahulu nggih punika:
1. Kita kedah
selektif menawa nampi budaya manca
2. Kita minangka
generasi muda kedah tresna marang kabudayan jawa
3. Kita kedah
dados wong jawa kang njawani
4. Kita kedah
nguri-uri adat istiadat lan kabudayan jawa
5. Nyinaoni
babagan adat istiadat lan kabudayan jawa kanthi tememen
6. Mbangun museum
umum yoiku langkah kang nyata ing nguri-nguriake sejarah lan nilai budaya
B. DUDUTAN
Kita kedah selektif anggenipun nampi budaya manca, lan
uga kita kedah nguri-uri adat istiadat lan budaya jawa supados boten ical
amargi adat istiadat lan kabudayan jawa iku salah sawijining asset kang ora ana
tandhingane. Mula adat istiadat lan kabudayan jawa kedah dipun uri-uri awit
saniki.
C. WASANA
Assalamu’alaikum Wr.Wb ,
Kita aturaken agunging panuwun dhumateng sedhaya
pamaos ingkang sampun kersa maos makalah kita. Mugiya makalah punika saged
menehi manfaat lan bisa nambah wawasan pamaos sedaya lan uga saged nambahing
pengetahuan lan pangerten babagan Adat Istiadat lan Kabudayaan. Menawi wonten
kekirangan lan kelepatan kita nyuwun agunging samudra pangaksama.
Akhirukalam
,
Wassalamu’alaikum
Wr,Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar